Monday, August 12, 2013

Owah Gingsiring Jaman

Rekasane urip jaman mbiyen
Kurang pangan, mati kaliren
Nyambut gawe tanpa piwales
Saben dina anane mung ngenes
Oh, urip kaya dene diidak-idak
Diperes dening wong Landa
Luwih saka telung atus seket taun

Iki jamane wis merdika
Nanging dijajah para penguwasa
Sing mlarat saya mlarat
Kang sugih mundak sugih
Oh, apa ora padha kelingan
Perjuangane para pahlawan
Kanggo nggayuh kamardikan

No comments:

Post a Comment